Home » » DONGENG KANG ORA PENTING

DONGENG KANG ORA PENTING

Sak durunge kwe kabeh podo moco dongeng cekak iki aku mung njaluk marang kwe kabeh ojo podo do di dadekke kurikulum sing wajib.iki mung dongeng biasa kang ora mengku kasunyatan.jalaran mung dongeng mulo yen ono jeneng lan crito kang podo karo dongeng iki yo mung karono kebetulan wae

Iki cerito seko nggunung cengkir ing jagad wetan.kisahe seko kang luwes kang oleh kabar seko kang bonang menowo si durjo arep gawe pertapan anyar jalaran ora seneng karo cantrik cantrik pertapan lawas.cantrik cantrik kwi mau dudu wong kang pinter ananging wong kang manut karo dawuhing Pengeran.

Cantrik dudu dewo.Cantrik dudu moloikat.Lan cantrik dudu Nabi.Ananging cantrik yo tetep catrik .Yen ono wong bakal gawe pertapan anyar kwi syarate mung gampang.Ananging yen syarate ora di lakoni mulo ojo do wani wani nyemplung ing sak jeroning pertapan kwi.Sebab Pertapan kwi panggonan kang edi lan dudu panggonane wong kang kumalungkung.Ugo dudu panggonane wong kang golek pangalembono.Ananging pertapan kwi panggonane wong kang kepingin dedeple marang kang murbaing dumadi.

Mulo titi'ane siji.Opo titi'ane wong gawe pertapan kang bener?.Yokuwi Niat gawe pertapan kanthi tujuan nyembah,dedeple marang Pengerane kanthi nderek dawuh dawuhing utusan.Nek orang dedasar kanti kan di aturake mengkono mau iku dudu pertapan ananging Mung bangunan kang ora nduweni ruh opo opo.iso iso dinggo omah demit.

Opo meneh nek gawe pertapan karono kepingin ngunggulke awak lan kepingin nduduhke marang liyan yen dewe'i kwi ampuh.Wah iso iso panggonan kuwi dadi papan kanggo adu kadigdayan.pancen isine wong ampuh ampuh,iso ngilang(ngilangke duwite wong akeh),iso ngerti sak durunge winarah(perkoro di awur ra reti),seneng kurban(kurban perasaan).lan sing paling di senengi wong akeh yo kuwi sifat pahlawane(sinajan to ngurbanke konco kancane sing ra salah lan gelem mitnah sopo wae kang ora di senengi).wong koyo ngene iki bakal di daulat dadi tumenggunge pertapan anyar.Opo meneh nek gawe pertapan karono kepingin dadi tumenggung....wah jan ono erep empere.

lan iki ndadekke cantrik cantrik podo guneman sing ora ora.Aku ora arep mikir so'al kwi.Ananging mbah degleng wis paring petunjuk marang poro cantrik cantrik kwi babagan si durjo.si cantrik durjo anggone ngrewangi dewane wis ora cocok karo cantrik  cantrik liyane.anggone ngemban amanat wis di campuri roso sengit karo guru digdoyo.Guru digdoyo iki wong kang ihklas lahir tumekaning batin anggone mbangun deso cengkir supoyo deso iki dadi masyarakat kang ngabekti dumateng Gusti.Guru digdoyo iki wis meguru ono sak okehing guru sehinggo kanggo nyempurnaake ilmune sang guru digdoyo iki kudu ngwarisake opo kang wis di sinau.Ananging kanggo nyempurnaake ilmune iki kanjeng guru digdoyo okeh sing nggoda lan sing ngalang alangi.Kuwi kabeh kanggo nguji kekuatane sang guru digdoyo sepiro kadigdayane anggone golek ilmu.

Wong wong kang ngalang alangi lampahing guru digdoyo yo kuwi wong kang wis rumongso pinter dewe sehinggo ora gelem ngrungoake opo kang urung tahu di sinau.kejobo kuwi wong sing ora seneng karo guru digdoyo ing antarane:wong kang seneng ngadeg ono ing mimbar ning omongane ora nganggo dasar.wong kang seneng mulang ananging ora seneng di di wulang.wong kang seneng pamer ilmu ananging ilmu pangawuran.lan isih akeh maneh liyane.wong kang koyo mengkono kuwi mau yo  kuwi wong kang di sengit deneng masyarakat ananging rumongso di belo masyarakat.

Dewe'i mungal yen kabeh uwong kang manggon ono ing sak njeroning negeri cengkir kabeh wis ora seneng karo pertapan lawas.sehinggo sedulure cantrik si yu gening melu di obori nganti kobong pereng.si cantrik susah karono di sengit dening keluargone yu gening ning ora susah di sengit karo si durjo jalaran wis reti watak'e durjo.Yu gening paring kabar karo adine sing jenengi kang bagus yen negoro cengkir bakal gawe pertapan anyar kang mengko bakal di tumenggung dening si durjo.

cantrik ngelus dodo krungu kabar kang ora ngepinakke pikir iki.Isone mung memuji mugo mugo poro wargo masyarakat cengkir ora keno bujuk rayune si durjo sing wis gawe runyaming persatuan.poro cantrik ugo titip salam kanggo sak kabehing wargo negoro cengkir mugo mugo kabeh ndang cepet lunas utange,sing isih mbedenger  ndang oleh jodo,sing wis gebacut garing ndangi iso lemu,lan opo penjaluk'e ndang kelakon(asal ojo kepingin nduwe bojo loro).sesuk ceritane di lanjut meneh........









Written by : Your Name - Describe about you

Lorem ipsum dolor sit amet, consectetur adipiscing elit. Etiam id libero non erat fermentum varius eget at elit. Suspendisse vel mattis diam. Ut sed dui in lectus hendrerit interdum nec ac neque. Praesent a metus eget augue lacinia accumsan ullamcorper sit amet tellus.

Join Me On: Facebook | Twitter | Google Plus :: Thank you for visiting ! ::

0 comments:

Posting Komentar